Langsung ke konten utama

APA TUMON


Selama menyalurkan hobi menulis, beberapa tulisan ringan saya pernah dimuat di majalah Panjebar Semangat. Berikut ini beberapa tulisan yang  diterbitkan antara tahun 2003 sampai sekarang.....
Tidak banyak, tapi paling tidak ada jejaknya. 


NGUBER UCENG KELANGAN DHELEG
              Kedadeyan iki tak alami durung suwe iki, yaiku nalika lagi deres-derese udan ing mangsa rendheng. Nalika kuwi aku mulih saka nyambut gawe ing Perak tumuju menyang Sepanjang.  Ing tengah dalan, dumadakan udan deres banget nganti kaya disok saka langit.  Kaya biasanya aku terus minggir, nganggo jas udan, nyopot sepatu terus takwadhahi tas kresek lan ganti sandhal jepit. Tas kresek lan sandhal jepit pancen taksiapake kanggo jaga-jaga yen udan sakwayah-wayah, supaya sepatuku ora teles. Pancen kuwi mujudake sepatu kulit sing mung siji-sijine.
            Sakteruse tas kresek isi sepatu takcepitne neng cepitan bagasi ndhuwur mesin, lan aku nerusake laku. Aku pancen klebu wong sing ora sabar yen dikongkon ngiyup. Sakdalan-dalan udan deres banget saengga dhaerah Kutai banjir.  Untunge sepedhaku ora mogok, saengga lancar tekan omah.
            Nanging awak yen lagi apes, tekan omah aku lagi weruh yen sepatu sing takbungkus tas kresek jebul wis ora ana neng cepitan bagasi.  Ora krasa bungkusan mau ceblok neng ndalan. Tak eling-eling, mbokmenawa bungkusan mau ceblok wektu aku ngunggahake sikil mangkring bagasi tengah, nyingkiri banyu muncrat nalika simpangan karo mobil sing mlaku banter. Pungkasane aku mung isa nggetuni sepatu kulit sing mung siji-sijine kuwi ilang.
            E a lah, apa iki sing diarani unen-unen “nguber uceng kelangan deleg kuwi?”.  Dieman-eman supaya ora teles, malah ilang ora karuwan.



SEKUL IKIP

Beda basa pancen asring ndadekake seling surup utawa salah paham. Kadhangkala marakake wong nesu, kadhangkala ngguyokake.
Kaya kedadeyan sing takalami nalika aku lagi ngangsu kawruh ing Unibraw Malang semester 3. Nalika kuwi aku ngenger neng daleme Pakpuh Mukair ing Jl. Simpang Ambarawa no. 11 kompleks IKIP Malang.  Sakliyane aku, ing daleme Pakpuh Mukair ana watara 10 mahasiswa sing kost.
Ing sawijining dina, aku lan kanca kostku cacah 4 kalebu bocah anyar saka Ponorogo sing jenenge Roso lan Nardi bebarengan menyang warunge Bu Karmin sing ana no 14. Bocah-bocah kost  pancen seneng karo warunge Bu Karmin, amarga masakane enak lan murah. Bu Karmin uga seneng guyon, saengga dijuluki Bu Bariyah, kaya jenenge pelawak.
Tekan warung, aku lan kancaku langsung bengak-bengok pesen mangan. Sedhenge Roso lan Nardi meneng wae, koyoke isih isin-isin. Sakwise rampung ngladeni aku sakanca, Bu Karmin terus nakoni bocah loro mau.
“Sampeyan sekul aa, dhik?” pitakone Bu Karmin, nganggo logat Malang sing saben omongan mesthi dikantheni ukara “aa”.
“Inggih buk. Wonten IKIP”, jawabe Roso.
Bu Karmin lan aku sakanca sing krungu jawabane Roso rada bingung.
“Mboten, sampeyan niku lho, sekul aa?” bu Karmin mbaleni takon karo rada dibanterake.
“Lha enggih, wonten IKIP” jawabe Roso luwih banter uga.
Gerrrr….. Saknalika aku sakanca klebu pengunjung warung liyane ngguyu kepingkel-pingkel. Rupane Roso sing durung kulina krungu logat Malang kuwi, rumangsane ditakoni leh sekolah neng ngendi.
Sakwise dijelasake yen maksude sekul kuwi sega, dudu sekolah, Roso akhire lagi mudheng.
Wiwit kuwi, bocah-bocah yen pesen sega mesthi ngomong “Buk, nyuwun sekul IKIP!”.



ILANG SEMUTE

Yen krungu paribasan ana gula ana semut, rasane atiku campur antarane pegel karo kudu ngguyu, amarga eling karo kedadeyan sing mentas takalami.
Kedadeyan iku dumadi nalika bojoku duwe gula putih lumayan akeh saka olehe nggawa tangga teparo lan dulur-dulur, nalika syukuran aqiqohe anakku. Watara seminggu candhake pranyata ana 3 plastik sing dirubung semut, amarga plastike bolong. Saking akehe semute, rupane nganti kaya paroan antarane gula putih karo semut sing coklat. Mbokmenawa iki cocok diarani gula semut.
Isuk sakdurunge budhal kerja, gula tak eler ing tempeh, terus tak pepe. Pamrihe supaya semute lunga kena panas srengenge. Terus taktinggal budhal kerja.
Mulih saka kerja, ing omah tilase udan deres. Aku ayem wae, amarga bojoku sing isih cuti ana ngomah. Mesthine gulane diiyupake.
Nanging lha dalah! Bojoku mapag tekaku karo ngguya ngguyu.
“Yah, semute wis ilang sakendhog-endhoge”, jarene karo ngempet guyu.
Pranyata bojoku kelalen. Gulane kudanan, keli kena banyu. Dadine, ora mung semute sing ilang, nanging gulane yo melu ilang.
E alah, jane kepengin ngilangi semut, nanging kok ilang sakendhog-endhoge, eh ilang sak gulane pisan. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes.






EMBER LAN BASKOM

    Yen eling karo kedadeyan iki, aku isih kudu ngguyu. Nalika iku aku isih anyaran kuliah ana Malang. Aku ngenger ing daleme pakpuh Mukair ing kompleks IKIP Malang. Pakpuh jaman semana dadi ketua RT.
    Sawijining dina aku diceluk pakpuh, diajak kerja bakti. Amarga aku lagi adus, pakpuh ngendika yen arep budhal dhisik. Aku dikongkon nyusul karo nyangking ember plastik ing pawon.
     Rampung adus, aku cepet-cepet menyang pawon njupuk ember plastic, terus budhal. Tekan panggonan kerja bakti, pakpuh sajak gumun weruh aku nggawa ember.
    “Lho, koen kok nggawa baskom?” pitakone.
    “Lho, ngendikane dikengken mbeta ember”, jawabku ora ngerti.
    “Iki ngono jenenge baskom. Ember iku koyok iku lho! Kerja bakti kok nggawa baskom. Koyok arep nglayat ae,” ngendikane pakpuh karo nuding timba plastic.
Wong-wong sing ana kono ngguyu kepingkel-pingkel krungu ngendikane pakpuh. Aku jan uisin banget, amarga nuduhake ndesaku.
    E alah, pancen ing dhaerahku, sing diarani ember iku ya baskom. Dene yen timba ya diarani timba. Yen ngene iki sing salah sapa? Nggawe jeneng ae kok ora standar.


 BUBUR KETAN  LERI
Kedadeyan iki dumadi watara setaun kepungkur, mbeneri dina ulang taune anakku pas wulan pasa.  Mulih saka sekolah kaya biyasane aku wis ibut neng pawon, masak sega lan nggawe jenang/bubur ketan kanggo mbancaki ulang tahune anakku. Watara jam setengah 5,  sega, bubur ketan sak santene wis mateng.
Dumadakan ana telepon saka kanca guru, ngabari yen ana wong tuwane kanca guru sing ninggal.  Aku diajak nglayat bareng-bareng.  Durung sempat resik-resik, aku terus budhal  nglayat, supaya ora kepalangan buka pasa. Semayanan karo kanca-kanca liyane.  Santen tak lebokne kulkas.  Sakdurunge budhal, kirim SMS pamitan marang bojoku. 
Watara jam 6, aku wis bali.  Teka omah langsung dipapag pitakonane bojo lan anakku sing lagi buka. 
“Buk, kena apa rasane bubur ketane kok aneh?” pitakone bojoku karo nuduhake bubur ketan campur santen ing piring sing ora entek olehe mangan.
Aku bingung. Kok rasane aneh kena apa ya?  Tak rasakne, pancen bener aneh.  Rasane kaya banyu leri.
Bareng tak genahne marang bojoku, tibake bojoku ora njupuk  santen saka kulkas. Nanging nyidhuk saka baskom plastic sing isine banyu leri.  Banyu olehku mususi beras kaya biasane tak wadhahi baskom plastik, arep tak enggo nyiram kembang. Amarga mau kesusu arep nglayat, durung sempat tak siramne kembang. Lah amarga peteng repet-repet, karo bojoku banyu leri mau dikira santen kanggo mangan bubur ketan.  Mulane rasane kok aneh.
Apa tumon, mangan bubur ketan kok ora nganggo santen nanging nganggo banyu leri.
 JAJAN KARAG
                Kedadeyan iki tak alami watara rong wulan kepungkur. Mbeneri wiwitane wulan Pasa.  Aku lan bojoku mulih menyang ndesa kanggo ziarah makam embahku.  Budhal Minggu isuk, numpak mobil pick up silihan saka kantor nggonku kerja.  Rencanane balik Sidoarjo Minggu bengi.
                Dina Minggu awan wis teka omahe wong tuwaku ing Trenggalek.  Teka omah langsung menyang makam saperlu nyekar.  Terus istirahat.  Watara jam 8 bengi budhal mbalik menyang Sidoarjo.  Sakdalan-dalan lancar ora ana alangan babar pisan.  Tekan omah jam setengah 12 bengi.  Mobil tak parkir ing dalan ngarep omah. Ora tak lebokne garasi.
                Isuke, bubar subuhan bojoku terus menyang ngarep saperlu blanja ing bakul mlija.  Ketemu karo bu Joko, tangga ngarep omah sing uga arep blanja.  Karo semu gumun bu Joko takon.
                “Kok mbeta karag kathah sanget kangge napa to Bu?” pitakone karo nudingi bak mobil. Karag iku sega sing dipepe nganti garing.
 Aku gumun, amarga ora rumangsa nggawa apa-apa? Bareng takdeleng, ealah....tibake ing bak pick up ana tampah ditumpuk. Isine sega sing setengah garing. Kabeh ana 8. Mbarengi kuwi, ana telepon saka ibukku.  Takon, apa karag sing neng ndhuwur mobil ora diudhunake?
Tibake dhek wingi ibukku ngentasi karag.  Sega oleh-olehane slametan megengan saka tangga-tangga sing ora kepangan. Dipepe kanggo pakan pitik. Amarga kesusu terus didhekek ana bak mobil.  Bubar kuwi terus lali, ganti takgawa menyang Sidoarjo. 
Weruh yen karag-e takgawa menyang Sidoarjo, ibukku ngguyu kekel.  Bu Joko sing weruh yo melu ngguyu. 
Apa tumon... adoh-adoh saka desa jajane kok karag.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kotak Sekring dalam Kabin

Meskipun letaknya di dalam kabin, tutup kotak sekring Ford Laser eks taksi yang berada di samping pintu pengemudi ternyata tidak sepenuhnya “aman”, alias bisa saja hilang. Mungkin karena memang sudah tidak ada saat meminangnya dulu atau memang terlupa memasangnya kembali sehingga kemudian hilang. Padahal tutup kotak tersebut relatif penting. Pasalnya, di atas tutup tersebut terdapat petunjuk yang berisikan informasi besaran amper dan kegunaan fungsi sekring tersebut. Sehingga memudahkan kita saat mengganti salah satu sekring yang putus dengan besaran amper yang sesuai. Tanpa berpanjang lebar lagi, di bawah ini adalah gambar pada tutup kotak sekring yang berada dalam kabin Ford Laser eks taksi. Semoga penayangan artikel ini dapat memenuhi permintaan pembaca yang masuk ke redaksi www.fordlaserbogor.blogspot.com . Semoga bermanfaat. (FLB) 2 komentar

BAJAK DAN FILOSOFINYA

Beberapa hari yang lalu saya pulang ke desa. Ada nuansa berbeda yang bikin saya bernostalgia. Waktu itu awal musim tanam padi. Para petani hiruk pikuk mengolah tanahnya. Suara deru traktor tangan terdengar bahkan sampai malam hari. Di sela- sela hilir mudik traktor tangan, saya melihat satu hal yang langka. Seorang petani berseru mengendalikan 2 ekor sapi yang sedang menarik bajak. Pemandangan yang langka. Yang mulai hilang ketika saya menginjak SMP. Tahun 90an. Dimana jasa bajak tradisional ini digantikan dengan traktor tangan. Gambar : orang sedang membajak sawah. Di balik alat bajak yang ditarik dengan 2 ekor sapi atau kerbau ini, tersimpan ajaran filosofi yang tinggi.Sunan Kalijaga adalah orang yang menyebarkan filosofi ini. Ini pernah saya dengar dari embah saya dulu. Adapun beberapa filosofi bajak yang masih saya ingat adalah sebagai berikut : 1.  LUKU. Dalam bahasa Jawa, bajak disebut dengan LUKU. Berawal dari kata LAKU atau MLAKU.   Artinya, orang membaja

GANTI SHOCK ABSORBER

Setelah setahun lebih si Ghia mengabdi, mulailah terasa ada gangguan di kaki-kaki. Skok terasa mati. Kalo melewati jalan tidak rata, terdengar gluduk-gluduk cukup keras. Semakin lama semakin keras. Saya cek kondisi shock, ternyata semua (kiri dan kanan) sudah basah dengan oli. Mungkin selain faktor umur,  ini disebabkan si Ghia seringkali digunakan untuk memuat barang hingga overload. Sebagai gambaran, kalau musin jeruk, sering digunakan untuk mengangkut jeruk. Pernah saat mudik, bagasi dipenuhi dengan jeruk Bali. Ditambah dengan 3 orang dewasa, 1 remaja dan 1 anak-anak. Terasa sekali posisi si Ghia sampai mendongak. Kejadian ini juga dialami saat musim mangga. Setelah mencari informasi kanan kiri, maka diputuskan untuk ganti shock absorber. Pilihannya adalah harga termurah. Merk Shibaruni. Harga Rp. 450ribu sepasang. Sekalian juga belanja boot shock, dan karet tatakan spiral. Untuk penggantian diputuskan untuk dikerjakan sendiri. Dengan modal nekat hasil googling. Hari Minggu